Foto Sampul

Tab Profil

Kronologi Tentang Teman Foto
Santa Mars

Sms kata kata Lebaran dan Idul Fitri Bahasa Jawa


Saturday, August 18, 2012

Sebagai orang jawa tidak lengkap kiranya jika belum menghadirkan Sms Ucapan Lebaran dan Idul Fitri dalam Bahasa Jawa. Bagi Anda yang mudik, ke jawa khususnya, bisa dijadikan referensi ketika bersilaturahmi, kepada tetangga di kampung.
Sugeng Dinten Riyadi 1433H
Sugeng Dinten Riyadi 1433H
Berikut beberapa Ucapan Lebaran dan Idul Fitri dalam Bahasa Jawa:
Ngaturaken “SUGENG RIYADI 1433 H. Taqaballaahu minna wa minkum, wa shiamana wa shiamakum.; Minal aidin wal faidzin, Kullu’aamin wa antum bikhair..
Kanthi ikhlasing manah tulusing sedaya, Kairing pangajeng-ajeng miwah karaharjan kita sami.  Ginanjaran berkah welasing Gusti Ingkang Maha Asih. Ngaturaken Sugeng Riyadi, Mugi kita sami tinitah fitrah kanthi apura ing apuran
Kulo nyuwun gunging pangapunten sedanten kalepaten lahir dumugi ning batos boten langkung ngaturaken sugeng Iedul Fitri, mugi Gusti Allah Ingkang Kuoso paring ridho lan rahmatipun dumateng kito sedoyo.
Wilujeng dinteng  riyaya 1433 H. Titah kagungan lepat, kasampurnan kagungane Gusti. Monggo ngapunten ing apunten lir trus ing batos.
Ngaturaken Sugeng Riyadi 1 Syawal 1433 H. Taqoballahu minna wa minkum, taqobbal ya kariim, wa kullu amin wa antum bil khair. Minal aidin wal faizin. Mugi Gusti Allah tansah paring hidayah, maghfirah saha barokah dumateng kita sedaya. Rahayu ingkang tinemu, sembada ingkang sinedya, jumbuh ingkang ginayuh.
Suminaring surya enjang dinten riyadin; Pethak cinandra resik ing wardaya; Mangayubagya dinten riyadin 1433 H; Nyuwun agunging pangraksami lepat kawula sakeluarga.
Ngaturaken wilujeng Ied Fitri 1433H. Nyuwun agunging pangapunten. Mugi kita kanugrahan jatining fitrah saking Gusti ingkang Maha Mirah.Amien.
Kupat janure tuwo, Menawi lepat nyuwun ngapuro
Kupat duduhe santen, Menawi lepat nyuwun ngapunten

Mulad sarira hangrasa wani; Wani ngakoni kalemahan diri; Sugeng Riyadi Idul Fitri; Sadaya kelepatan nyuwun samudra sih pangraksami Taqabalallahu Minna Wa Minkum.
Kula nyuwun agunging samudra sih pangapunten sedanten kalepaten lahir dumugi ning batin mboten langkung ngaturaken sugeng Iedul Fitri,mugi Gusti Allah Ingkang Maha Asih paring ridho lan rahmatipun dumateng kita sedaya. Amien.
Mugi wonten manfaatipun. Namung sadermi nguri-uri kabudayan sampun ngantos kesupen mewawi kirim SMS lebaran dumateng sanak kadhang ing kampung saget dados tulodho mawi Sms Lebaran dan Idul Fitri Bahasa Jawa ing nginggil.

Artikel Terkait

0 comments:

Post a Comment

Copyright © 2016 | Privasi | SiteMap | Follow | Download Template